Rabu, 19 Mei 2010

Cariyos Jawi

Mbangun Singasari

Ing sawijing dinten ing wana Kerajaan Tumapel, wonten kaleh kelompok prajurit ingkang nembe tukaran. Salah setunggaling kelompok prajurit wau inggih menika anak buahipun Ken Arok. Peperangan menika dimenangake prajuritipun Ken Arok. Sakbakdalipun peperangan wau, Ken Arok ngendika menawi kepingin dipunpendhetaken tuwak. Nalika Ken Arok lan prajuritipun nembe ngunjuk tuwak, Ken Umang rawuh, banjur duka kalihan Ken Arok. Piyambakipun ngendika menawi luwih becik Ken Arok ngasah kapinteran, lan ilmunipun, supados pinter lan mboten mbegal terus.
Nalikanipun Ken Umang nembe ngendika marang Ken Arok, gurunipun Ken Arok, Loh Gawe, rawuh. Piyambake ngendika marang Ken Arok babagan kesugihanipun Kerajaan Tumapel, lan mbok bilih Ken Arok pengen sugih mesti usaha. Nanging Ken Arok luwih tertarik marang kasugihanipun Kanjeng Tunggul Ametung. Kanjeng Tunggul Ametung inggih menika Raja ing Kerajaan Tumapel ingkang gadhah garwa asmanipun Ken Dedes. Nalika Loh Gawe nembe nasehati Ken Arok, salah satunggaling prajuritipun Tunggul Ametung rawuh lan ngendika marang Loh Gawe menawi Kanjeng Tunggul Ametung badhe sowan. Kanjeng Tunggul Ametung ndangu Loh Gawe sinten ingkang asmanipun Ken Arok. Saklajengipun, Kanjeng Tunggul Ametung banjur tindak maleh. Ken Arok lan sak prajurite kesengsem sanget marang keayuan lan kesaenipun Ken Dedes. Ken Arok banjur matur kalih Loh Gawe menawi kepingin nggarwa Ken Dedes. Krungu ngendikaipun Ken Arok, Ken Umang banjur duka. Ken Arok nyanjangi Ken Umang menawi piyambakipun saged nggarwa Ken Dedes, Ken Umang uga saged nderek kepenak. Ken Umang banjur mboten duka malih, lan saged mangertos.
Ing dalemipun Empu Gandring, piyambakipun nembe damel wangkingan ( keris ). Sinten tiyang ingkang nggadahi wangkingan menika saged kening kutukan. Kutukna menika yaiku sinten wae ingkang nggadhahi wangkingan niku, pitung keturunanipun saged pejah sedaya. Nalika piyambake nembe ngungkal wangkinganipun, Ken Arok rawuh lan ndangu Empu Gandring babagan khasiat lan kesaktian wangkingan menika wau. Bareng Empu Gandring ngendika menawi wangkingan manika sakti, Ken Arok pengen nggadhahi wangkingan wau, nanging Empu Gandring mboten maringke wangkingan wau amargi dereng dados. Ken Arok mboten peduli kalihan ngendikanipun Empu Gandring, lan malah mejahi Empu Gandring ngangge wangkingan wau, sakderengipun piyambake dereng ngendika Ken Arok menawi wangkingan wau gadhah kutukan.
Ing wana Kerajaan Tumapel, nalika Kebo Ijo lan prajuritipun nembe geguyon. Ken Arok rawuh lan banjur mameri Kebo Ijo kalih wangkinganipun Empu Gandring. Dasar watakipun Kebo Ijo inggih menika kepinginan lan remen pamer, wekdal dipunpamer-pameri Ken Arok kalih wangkingan wau. Piyambakipun banjur nyuwun wangkingan wau saking Ken Arok lan banjur dipunpamer-pameraken marang prajurit-prajuritipun. Rencananipun Ken Arok kangge mameri wangkingan wau marang Kebo Ijo berhasil. Saking benten panggenan ingkang mboten tebih saking panggenanipun Kebo Ijo mamerke wangkingan wau marang prajuritipun, Ken Arok banjur nyirep Kebo Ijo lan prajurit-prajuritipun supados sare. Ken Arok berhasil malih, lan banjur mendhet wangkingan wau saking astanipun Kebo Ijo, lan badhe dipunpigunakaken kangge mejahi Kanjeng Tunggul Ametung supados pikantuk kasugihanipun.
Ing istananipun Kanjeng Tunggul Ametung, piyambakipun nembe ngendika marang Ken Dedes menawi mboten sisah kuwatir kalih Ken Arok. Nanging ujug-ujug wonten tiyang ingkang mejahi Kanjeng Tunggul Ametung. Ken Dedes muwun lan bengak bengok nyuwun pitulungani. Prajurit-prajuritipun Kanjeng Tunggul Ametung banjur rawuh lan ndangu Ken Dedes wonten napa. Ken Dedes banjur nyariyosaken kedadeyan wau, lan salah satunggaling prajurit wonten ingkang ngendika menawi wangkingan wau inggih punika gadhahanipun Kebo Ijo. Lan nalika iku Ken Arok rawuh lan banjur ndangu tiyang-tiyang wonten napa. Lan sakbadalipun salah satunggaling prajurit nyariyosaken kedadeyan wau, lan menawi wangkingan niku inggih gadhahanipun Kebo Ijo, Ken Arok banjur ngengken prajurit wau supados nggoleki Kebo Ijo supados dihukum lan dipejahi. Lan sakbakdalipun mejahi Kebo Ijo, Ken Arok banjur ndangu Ken Dedes supados dados garwa prameswarinipun lan Ken Umang dados selir kinasihipun Ken Arok. Saklajengipun Ken Arok sampun dados raja ing Tumapel, asmanipun Kerajaan Tumapel banjur dipungantos dados Kerajaan Singasari.

Rabu, 12 Mei 2010

layang ulem mboten resmi

NYUWUN PANGESTUNIPUN

Wonten ing Pawiwahanipun putera kula

SUBI SUPARYO
Kalih
TINI SUTINI
Dinten : Senin
Tanggal : 17 Mei 2010
Tabuh : Bebas
Panggenan : Ds.Jontro RT03/RW 05
Kec.Wedarijaksa Pati

Minangka rawuhipun panjenengan kula aturaken maturnuwun

Kurmat Kula

Subi Sutrisna
Kary.PG.Trangkil

layang ulem resmi

ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH( OSIS )
SMP NEGERI 3 PATI
TAHUN 2009/2010
Jl.Kol.R.Sugiyono no.17 Pati Telp. ( 0295 ) 381 777
E-mail : smp3pati@yahoo.com website : www.smpn3pati.com
13 Mei 2010

Nomor : 800/OSIS/185/2010 Yth. Komite SMP N 3 Pati
Babagan : ulem ing panggenan



Ngaturaken kurmat,
Panjengan kula aturi rawuh wonten ing adicara pelepasan siswa kelas IX SMP Negeri 3 Pati tahun ajaran 2009/2010, benjang wonten ing :
Dinten/tanggal : Sabtu/15 Mei 2010
Tabuh : 08.00 WIB s.d. sakrampungipun
Panggenan : Gedung Korpri Pati
Acaranipun : Pelepasan siswa kelas IX SMP Negeri 3 Pati tahun ajaran 2009/2010
Saking kawigatosanipun panjenengan, kula aturaken maturnuwun.

Ketua OSIS

Zaenuri Umam

Ingkang Mangertos
Sie Urusan Kesiswaan
Pangarsa SMP Negeri 3 Pati
Dra.Etty Rustina
Sariyono,S.Pd.,M.M. NIP.19620602000122001
NIP.196308181988031020
Kuslan
NIP.196308191985031006

Senin, 25 Januari 2010

Pidato Bapak Lurah

Assalamualaikum Wr. Wb
Para sesepuh, pinisepuh ingkang kinurmatan, hadirin lan hadirat ingkang dipunmulyakaken. Mliginipun dhumateng panjenenganipun shohibul bait Bapak Amir ingkang kula kurmati.
Ingkang sepindah, mari kita panjataken puja lan puji syukur kehadirat Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan, sehingga kula saget kempal manunggal wonten mriki makili warga desa Chondongcatur. Ingkang sepisan kula ucapaken puji syukur kangge Bapak Amir ingkang badhe tindak haji kangge nuntasaken rukun islam ingkang kaping gangsal.
Kula lan para warga Chondongcatur nderek mangayubagya, mugi – mugi Bapak Amir tansah keparingan sehat ( bagas waras ) sageda rancag widodo nir ing sambikala lan dados haji ingkang mabrur.
Menawi cukup semanten, nyuwun pangapunten ingkang katah menawi ing tutur kula wonten ingkang mboten kepenak ing ati panjenengan sekalian.
Wabillahitaufikwalhidayah,
Wassalamualaikum Wr. Wb