Rabu, 19 Mei 2010

Cariyos Jawi

Mbangun Singasari

Ing sawijing dinten ing wana Kerajaan Tumapel, wonten kaleh kelompok prajurit ingkang nembe tukaran. Salah setunggaling kelompok prajurit wau inggih menika anak buahipun Ken Arok. Peperangan menika dimenangake prajuritipun Ken Arok. Sakbakdalipun peperangan wau, Ken Arok ngendika menawi kepingin dipunpendhetaken tuwak. Nalika Ken Arok lan prajuritipun nembe ngunjuk tuwak, Ken Umang rawuh, banjur duka kalihan Ken Arok. Piyambakipun ngendika menawi luwih becik Ken Arok ngasah kapinteran, lan ilmunipun, supados pinter lan mboten mbegal terus.
Nalikanipun Ken Umang nembe ngendika marang Ken Arok, gurunipun Ken Arok, Loh Gawe, rawuh. Piyambake ngendika marang Ken Arok babagan kesugihanipun Kerajaan Tumapel, lan mbok bilih Ken Arok pengen sugih mesti usaha. Nanging Ken Arok luwih tertarik marang kasugihanipun Kanjeng Tunggul Ametung. Kanjeng Tunggul Ametung inggih menika Raja ing Kerajaan Tumapel ingkang gadhah garwa asmanipun Ken Dedes. Nalika Loh Gawe nembe nasehati Ken Arok, salah satunggaling prajuritipun Tunggul Ametung rawuh lan ngendika marang Loh Gawe menawi Kanjeng Tunggul Ametung badhe sowan. Kanjeng Tunggul Ametung ndangu Loh Gawe sinten ingkang asmanipun Ken Arok. Saklajengipun, Kanjeng Tunggul Ametung banjur tindak maleh. Ken Arok lan sak prajurite kesengsem sanget marang keayuan lan kesaenipun Ken Dedes. Ken Arok banjur matur kalih Loh Gawe menawi kepingin nggarwa Ken Dedes. Krungu ngendikaipun Ken Arok, Ken Umang banjur duka. Ken Arok nyanjangi Ken Umang menawi piyambakipun saged nggarwa Ken Dedes, Ken Umang uga saged nderek kepenak. Ken Umang banjur mboten duka malih, lan saged mangertos.
Ing dalemipun Empu Gandring, piyambakipun nembe damel wangkingan ( keris ). Sinten tiyang ingkang nggadahi wangkingan menika saged kening kutukan. Kutukna menika yaiku sinten wae ingkang nggadhahi wangkingan niku, pitung keturunanipun saged pejah sedaya. Nalika piyambake nembe ngungkal wangkinganipun, Ken Arok rawuh lan ndangu Empu Gandring babagan khasiat lan kesaktian wangkingan menika wau. Bareng Empu Gandring ngendika menawi wangkingan manika sakti, Ken Arok pengen nggadhahi wangkingan wau, nanging Empu Gandring mboten maringke wangkingan wau amargi dereng dados. Ken Arok mboten peduli kalihan ngendikanipun Empu Gandring, lan malah mejahi Empu Gandring ngangge wangkingan wau, sakderengipun piyambake dereng ngendika Ken Arok menawi wangkingan wau gadhah kutukan.
Ing wana Kerajaan Tumapel, nalika Kebo Ijo lan prajuritipun nembe geguyon. Ken Arok rawuh lan banjur mameri Kebo Ijo kalih wangkinganipun Empu Gandring. Dasar watakipun Kebo Ijo inggih menika kepinginan lan remen pamer, wekdal dipunpamer-pameri Ken Arok kalih wangkingan wau. Piyambakipun banjur nyuwun wangkingan wau saking Ken Arok lan banjur dipunpamer-pameraken marang prajurit-prajuritipun. Rencananipun Ken Arok kangge mameri wangkingan wau marang Kebo Ijo berhasil. Saking benten panggenan ingkang mboten tebih saking panggenanipun Kebo Ijo mamerke wangkingan wau marang prajuritipun, Ken Arok banjur nyirep Kebo Ijo lan prajurit-prajuritipun supados sare. Ken Arok berhasil malih, lan banjur mendhet wangkingan wau saking astanipun Kebo Ijo, lan badhe dipunpigunakaken kangge mejahi Kanjeng Tunggul Ametung supados pikantuk kasugihanipun.
Ing istananipun Kanjeng Tunggul Ametung, piyambakipun nembe ngendika marang Ken Dedes menawi mboten sisah kuwatir kalih Ken Arok. Nanging ujug-ujug wonten tiyang ingkang mejahi Kanjeng Tunggul Ametung. Ken Dedes muwun lan bengak bengok nyuwun pitulungani. Prajurit-prajuritipun Kanjeng Tunggul Ametung banjur rawuh lan ndangu Ken Dedes wonten napa. Ken Dedes banjur nyariyosaken kedadeyan wau, lan salah satunggaling prajurit wonten ingkang ngendika menawi wangkingan wau inggih punika gadhahanipun Kebo Ijo. Lan nalika iku Ken Arok rawuh lan banjur ndangu tiyang-tiyang wonten napa. Lan sakbadalipun salah satunggaling prajurit nyariyosaken kedadeyan wau, lan menawi wangkingan niku inggih gadhahanipun Kebo Ijo, Ken Arok banjur ngengken prajurit wau supados nggoleki Kebo Ijo supados dihukum lan dipejahi. Lan sakbakdalipun mejahi Kebo Ijo, Ken Arok banjur ndangu Ken Dedes supados dados garwa prameswarinipun lan Ken Umang dados selir kinasihipun Ken Arok. Saklajengipun Ken Arok sampun dados raja ing Tumapel, asmanipun Kerajaan Tumapel banjur dipungantos dados Kerajaan Singasari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar