Jumat, 21 Agustus 2009

Ngoko Lugu

Nyinau Basa Jawi Kanthi Raos Tresna

Akeh sing ngomong yen Basa Jawa iku angel, malah ana uga sing nduwe panemu yen sinau basa jawa iku luwih angel yen dibandingna karo sinau basa manca. Padahal sing nduwe panemu mau wong asli jawa. Piye kok iso ngono ? Apa bener bas jawa iku mesti angel ? Omongane para sepuh, sejatine basa jawa iku ora angel. Yen digawe angel yo bakal angel tenan. Basa Jawa dianggep angel amarga ing basa jawa ana sing diarani undha-usuk utawa unggah ungguh basa. Unggah ungguh basa mau dibagi dadi 4. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Saka unggah ungguh basa jumlahe 4 mau sing dianggep gampang dewe yaiku ngoko lugu, basa ngoko lugu akeh sing digunakake ing kaluwarga jawa, digunakake kanggo omongan wong tuwa karo wong enom utawa bocah, uga kanggo omongan bocah karo bocah, utawa wong tuwa karo wong tuwa sing wis raket srawunge. Dene unggah ungguh basa kang dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalake tembung – tembung, mligine tembung sing kanggo ngajeni marang wong tuwa. Bab undha-usuk utawa unggah ungguh basa mau tumrap para siswa bias disinauni ing jerone ulangan basa jawa ing sekolahan. Rikala anane keputusan gubernur Jawa Tengah nomer 895.5/01/2005 bab kurikulum basa jawa, basa jawa terus dadi wulangan wajib sing diwenehake ing sekolahan – sekolahan rikala saka SD ( Sekolah Dasar ) nagnti tekan SMA ( Sekolah Menengah Atas ). Sakdurunge ana keputusan gubernur kasebut, wulangan basa jawa mung kanggo ganep – ganepan, mung diwulangake ing tingkat SD nganti SMP. Saiki basa jawa rikala entuk kalonggaran jagongan muga – muga wae bisa njalari basa jawa dadi luwih ngrembaka, ora ajeg nggatekake. Akeh para wong pinter basa sing pada omongan yen sejatine sing njalari basa jawa dadi digatekna iku ora liya yo saka wong jawa dewe. Akeh – akehe wong jawa ora ngulinakake nganggo basa jawa ing urip sabendinane. Biasane yen basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya – liyane. Kenyataane wektu iki akeh kulawarga – kulawarga jawa anggone pada mulang anakke ora nganggo basa jawa. Utamane ibu – ibu sanadyan asli wong jawa nanging kaya – kaya wis pada lali karo basa jawa. Kabukti nalika nduwe anak, rikala lahir anakke ora wis dikulinakake nganggo basa indonesia. Babar pisan ora dikulinakake omongan basa jawa. Dadi bocah – bocah pada ora mudeng karo basa jawa.Opo meneh unggah – ungguh. Sebagian ibu – ibu mau pada omongan yen ing jaman teknologi tansah maju iki basa jawa ora pati perlu lan meneh saiki umume pada nganggo basa indonesia. Mula milih nganggo basa indonesia wae sing omongane luwih gampang. Panemu mau ana benere nanging uga akeh salahe. Wis dingerteni wong akeh yen basa jawa iku ora mung bisa kanggo srawung wae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo marahi bab tata krama, sopan santun, lan budi pekerti marang bocah – bocah. Karo ngulinakake nganggo basa jawa supaya bocah – bocah mau bisa luwih duweni tata krama sing apik karo unggah ungguh basa. Basa jawa iku tetep duweni keapikan menawa yen ditandhingake karo basa liyane. Maturnuwun minangka conto, aku tau maca sawijining rubrik pendidikan ing majalah jaya baya, sing nyebutake yen tembung – tembung ing basa jawa iku apik – apik. Lagi anggone ngucapake wae beda karo tembung – tembung ing basa liyane. Upamane tembung ”maturnuwun” anggone ngucapake mesti nganti sareh. Beda karo anggone ngucapake tembung thank you, terima kadih, kamsia. Sing bisa diucapake nganti seru utawa banter. Basa jawa bisa disinauni kanggo cara sing werna – werna, kaya sing isih tak lakoni cara – cara mau upamane bisa sinau lewat buku – buku basa jawa ing sekolahan. Mligi para siswa menawa nemoni bab – bab sing ora cetha kudu wani takon marang bapak lan ibu guru basa jawa. Kanggo sing durung weruh majalah lan koran basa jawa ikui isine werna – werna, wiwit dongeng kanggo bocah – bocah, kabudayan, kasusastran nganti paramasastra kabeh ana. Kanthi asring maca wacanan basa jawa mau ora krasa pangerten kita bab basa jawa bisa mundhak. Sawisa seneng maca yen nemoni bab – bab sing kurang cetha bisa takon karo para sesepuh sing pinter ing babagan basa lan kabudayan jawa. Umume para sesepuh mau nyata pinter tenan. Sakteruse perkara kasil lan ora anggone sinau basa jawa mau gumantung marang awake dewe – dewe. Sing penting sakdurunge wiwit nyinau basa jawa luwih disik kudu duwe niat sing kuat kanthi dilandesi rasa seneng marang basa jawa. Nindakna penggaweyan apa wae yen dilandesi rasa seneng lumrahe nemoni asil sing apik lan nyenengake. Luwih apik dadi wong sing dikodrat dadi wong jawa ayo pada nduweni rasa seneng marang basa jawa. Sapa meneh sing kudu nyenengi nek ora wong jawa dewe. Yo aku karo kowe kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar