Jumat, 07 Agustus 2009

Saloka

1. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Pak Hasan nembe pikantuk rezeki. Panjenengane kepingin dum dum jajan marang tangginipun. Nanging saking akehhe tangginipun Pak Hasan mboten oleh bagean jajanipun.
2. Anirna patra = Ngungkiri tulisane dhewe
Wekdal ulangan aksara jawa, Dani ngandani kancane yen ora entuk nirun. Nanging amarga supe aksara jawa, Dani banjur takon kanca sebelahhe.
3. Arep jamure emoh watange = Gelem kepenake ora gelem rekasae
Wektu iku nembe percobaan fisika. Dion lan kelompokipun nembe ngamati percobaanipun. Nanging Dion mboten ngamati malah ganggu kanca-kancane sing lagi ngamati. Dion ora melu ngamati nanging kepingin entuk biji apik.
4. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Yolan niku bocah kang meneng nanging kumpulane marahi dewekke dadi bocah kang ala. Kumpulane iku yo bocah sing seneng ngombe alkohol. Akhire Yolan inggih katut seneng ngombe alkohol. Amargi kelakuanipun Yolan, wong tuwanipun inggih melu-melu pikantuk alane aln repotte
5. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Putranipun Pak Budi nembe sakit kanker lan mlebet ruang ICU. Pak Budi tansah sumelang amargi kondisinipun putrane.
6. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
Johan lan kanca-kancane nembe ngomongake babagan film harrry potter. Nanging kancane Johan kang jenenge Eko ora ngerti babagan film niku. Wekdal Johan ngomong, Eko banjur nyelani omongane Johan ngangge takon babagan PR basa jawa.
7. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Sutini nembe damel bubur. Amargi bubur wau kakean banyu, Sutini kepingin balikke dadi beras maleh ( sega ). Nanging perkara iku mukhal bakal kelakon.
8. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
Pak Yono kagungan putra kaleh. Supados irit biaya, Pak Yono mantu putranipun ing dinten kang sami.
9. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Ryan niku sampun mejahi tiyang luwih saka sedasa lan jenazahipun di kubur ing saptiteng. Nanging akhiripun inggih tinemu kejahatanipun Ryan.
10. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
Diana kepingin mundhut BMW ngangge duwitte dhewe. Nanging dewekke niku isih sekolah lan mboten nyambut damel.
11. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
Tiyan asline bocah ingkang sopan, nanging rencangipun niku akeh sing ala. Kayata pecandu narkoba, lan seneng ngerokok. Amargi kulina dolanan bareng, Tiyan katutan seneng ngerokok.
12. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh
Pak Darno nembe blanja ing pasar. Karepipun Pak Darno yaiku kepingin irit. Nanging amargi akehhe kabutuhanipun panjenengane Pak Darno malah ngentekake duwit akeh.
13. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
Karnoto niku bocah sing meneng. Amarga kemenenganipun Karnoto, dewekke diarani bocah kang apik. Nanging padahak dewekke niku nakal.
14. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
Roni kepingin diwarahi numpak motor. Nanging dewekke isih kelas 4 SD. Dewekke niku kepingin kangane ingkang sampun SMA.
15. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
Amargi anak tirinipun Bu Harni mboten adil kalihan Santi lan Ida. Contone wekdal kenaikan kelas Ida mboten dipundhutake sepatu padahal duwekke sampun rada rusak.
16. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
Angger arisan Bu Dian mesti nganggo mas-masan. Nanging aslinipun kabutuhanipun dewekke serba kekurangan.
17. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
Rita nuduh Rena nyolong duwitte. Amargi wekdal olahraga namung Rena ingkang mboten nderek. Padahal wektu iku Rena nembe ing UKS amargi sakit.
18. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
Deni ora gelem omong yen mboten diakoki gurune. Amargi dewekke isin yen dikengken omong.
19. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
Lintang kepingin sekolah nanging dewekke mboten gadhah biaya. Dewekke niku anak yatim lan bapakke nelayan. Amargi mboten gadhah biaya Lintang mangkat sekolah ditempuh ngangge sepeda padahal jarak sekolah lan dalemipun km. Nanging prestasipun lan perjuanganipun Lintang saged digawe tuladha.
20. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
Sinah niku seneng njaluk jajanipun kancane. Nanging yen dewekke dijaluki jajan kancane. Dewekke ora gelem menehi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar